Pidato Bahasa Jawa "Pasrah Penganten"



Para sepuh, asepuh, pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan
Panjenenganipun Bapak Kepala Desa Sukarmaju ingkang satuhu kinabekten
Para rawuh ingkang kula hurmati
Penganten kakung sumawana putri ingkang winengku ing suka basuki
Mboten wonten pakarti ingkang limrah kejawi atur raos syukur puji sembah dhumateng Gusti Ingkang Maha Mirah nun inggih AllahS WT bilih saking rahmat lan hidayahipun kita saged makempal wonten papan punika.
Salawat saha salam uga kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun beta kita saking zaman jahiliyah kanthi zaman Islamiyah.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Kula minangka asesulihipun penganten putra badhe ngaturaken pinten-pinten perkawis inggih punika ingkang kaping setunggal, kula sarombongan niat wonten papan punika inggih punika kagem silaturahim. Kula sakulawarga nyuwun agunging pangapunten mbok bilih kirang anggenipun subasita ing dalem adicara panghargyan penganten punika lan lintunipun.
Kula minangka asesulihipun Bapak Malik ngaturaken salam taklim dhumateng kulawarga Bapak Subagyo, “Assalamu’alaikum”, mugi-mugi kanthi donga salam punika Bapak Subagyo sakulawarga tansah dipunparingi slamet lan sehat subagya.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Minangka asesulihipun kulawarga penganten putra, kula pasrahaken penganten putra, nitipaken putranipun Bapak Malik dhumateng kulawarga Bapak Subagyo. Kula pasrahaken penganten putra punika ingkang dereng gadhah pengalaman anggenipun nggayuh perkawis omah-omah. Pramila mangga dipunparingi pitedah supados saged ambangun kulawarga ingkang sakinah, mawadah, lan warohmah satemah saged migunani tumrap masyarakat, bangsa, lan agama.

Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Saking kulawarga penganten putra mboten saged punapa-punapa naming urun pandonga, mugi-mugi saged andadosaken kulawarga ingkang sakinah, mawadah, lan warohmah. Sapunika, Zayn bin Malik sampun dados kulawarga Bapak Subagyo, pramila mangga kula pasrahaken, dipundidik ingkang sae. Kula minangka talanging atur ngapunten menawi kathah kekirangan saking penganten putra ingkang kulawarga Bapak Mailk mangertos lan ingkang dereng dipunmangertos. Zayn punika sampun dewasa, pramila Bapak Subagyo sakulawarga mesthinipun saged mangertos kaliyan kahananipun tiyang ingkang sampun dewasa punika.

Para rawuh ingkang dhaht kinabekten,
Kula minangka asesulihipun kulawarga Bapak Maiik ngaturaken matur nuwun dhumateng Bapak Subagyo sakulawarga lan sampun ngantos Zayn punika andadosaken beban lan marabaya dhumateng Bapak Subagyo sakulawarga, mugi-mugi andadosaken berkah, rejeki ingkang kathah, lan kulawarga sakinah, mawadah, lan warohmah, uteke lan jiwane tansah kaasah, andadosaken kulawarga ingkang berkah, tanpa crah, satemah mboten bubrah, ing tengah-tengah omah-omah kang tansah kathah masalah.

Mugi-mugi saged ambangun kulawarga ingkang gadhai kasaenan lan mboten wonten aral satunggal punapa. Amiiin.
Cekap semanten atur kula. Kula nuwun Gunging samodra pangkasami bilih wonten klenta-klentuning atur. Akhirul kalam. Wabilahitaufik wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb. 
by Nawamrahdeizar

Komentar

  1. nyuwun sewu kang mas,mbok bilih njenengan ngidzini kawulo nderek2 nurun karyo njenengan engkang sae puniko kagem kebetahan rencang2 engkang mbetahaken

    BalasHapus

Posting Komentar

Jangan lupa komen ya.

Postingan populer dari blog ini

Laporan Praktikum Kimia Reaksi Elektrolisis

Tuladha geguritan kalian gancaranipun "Jagoku"

Contoh Cerpen "Tanpa Orang Tua" oleh Hasbi Dewantara