Manten Adat Yogyakarta



Bentenipun Manten Adat Yogyakarta kalih Surakarta
Benten
Surakarta/Solo
Yogyakarta
1.       Siraman
Sasampunipunsiraman wonten potong rambut lan dodol dhawet
Dilajengaken dulangan
2.       Midodareni
Wonten dodol kembang mayang
Kembar mayang langsung siap
3.       Panggih
·         wonten balang-balangan sirih , lanang 1x, wedon 1x
·         wonten upacara tidhak endog

·         wonten balang sirih, lwontenng 4 sirih, wedon 3 sirih.
·         wonten upacara tidhak endhog, nanging wijikan rumiyin
4.       Kacarkucur
·         wonten upacara timbangan
·         wonten upacara tandur
·         wonten acara nginum rujak degan
·         mboten wonten acara timbangan
·         wonten upacara tampa kaya
·         mboten wonten nginum rujak degan

Tata Cara Manten Adat Yogyakarta :
A.      Nontoni
Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi,  mligi satunggaling kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun.
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare estri  ingkang dados inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Adat ingkang sampun, wonten ing  adicara nontoni rantamanipun:
  1. Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
  2. Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur,  ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
  3. lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
  4. salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
  5. panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
  6. Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau
Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya satemah nggadhahi bibit, bebet, bobot :
  1. Bibit. Asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi padudon.
  2. BEBET. derajat turunipun, mligi sipat lan watakipun.
  3. BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ananging nontoni sapunika jarang/meh sirna amargi tiyang enem sampun sami kenal.
B. Bab Adat Lamaran
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
  1. Atur pambuka saking kulawarga
  2. Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
  3. Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan,  werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
  4. Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
  5. panutup.
C. Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal kaliyan nalika Lamaran.  Lan wonten nalika Malam Midodareni
Dene uba rampe asok tukon :
  1. Sanggan.
  2. Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
  3. tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
  4. Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
D. Bab Pasang Tarub
Tujuwan :
·         kanggo nyambut tamu
·         pratanda wonten ingkang kagungan kersa
·         talak bala
Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
  1. Pisang Raja Ayu
  2. Kelapa ganding
  3. Tebu wulung
  4. Pari lan cantle
  5. ron-ronan ;  keluwih,ringin dan kroton lsp
Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika  tratak umumipun dipun gantos  tenda.
Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi.  Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun  ‘jan’ saking tembung “jane”  dene  ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur kuning  mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)
Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub
1. Damel  “kajang” utawi tratak, nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.
2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu  wulung, pari lan cantel, ron  kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel
3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun  lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4.  “Pari wulu”  kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.
5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang  ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes
6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”
7.  Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta  derajat dsb
8.  Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah  dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
E. Bab Nyantri
Upacara nyantri inggih punika nitipaken calon penganten kakung ana ing kulawarga penganten putri supados menawi upacara manten dipunlaksanakaken calon penganten kakung sampun siap lan mboten ngrepotaken kulawarga penganten putri.
F. Bab Siraman
Siraman utawi adus mralambangaken nyucekaken penganten kekalih supados suci lan murni. menawi uabarampe siraman inggih punika :
1.      Kembang setaman
2.      Gangsal konyoh panca warna(kanggo nggosok awak saka beras kencur)
3.      Kendhi
4.      2 degan
5.      Tikar
6.      Mori pethak 0,5 meter persegi
7.      Kluwih, koro, awar-awar, turi, dadap srep, lang-alang
8.      gangsal bangun tulak/kain
9.      1 yuyu sekandang(kain tenun coklat, garis-garis kuning)
10.  1 pulo watu(kain lurik warna pethak lorek cemeng), 1 letrek(kain kuning), 1 jinggo(kain abrit)
11.  Sampo saka merang
12.  Asem, santan kanil, 1 kain nogosari, 1 kain grompol, I kain semen, 1 kain sidomukti/sidoasih
13.  sabun lan anduk
Menawi badhe dipunlaksanakaken siraman wonten donga-donga kang dipunperlambangaken dening :
  1. Tumpeng robyong
  2. Tumpeng gundul
  3. Nasi asrep-asrepan
  4. Jajan pasar, pisang raja 1 sisir, pisang pulut 1 sisir, 7 macam jenang
  5. Empluk kecil ( wadah sak tanah liat)kang diisi bumbu dapur dan  beras
  6. 1 endhog mentah
  7. Juplak isi minyak kelapa
  8. 1 degan tanpa sabut
  9. Gula jawa 1 tangkep
  10. ake pitulungan. 1 jago
Ingkang ngadusaken wong pitu kang mralamban
G. Midodareni
Midodareni awujud saka tembung widodari. Midodareni dipunlaksanakaken wetawis jam 18.00-24.00, yaiku calon penganten mboten kenging turu.

Menawi badhe dipunlaksanakaken midodareni wonten nasehat uatawi donga-donga ingkang dipunpralambangaken dening :
  1. Kembar mayang
  2. Sepasang klemuk ( periuk ) kang diisi dengan bumbu pawon, wijen, lan empon-empon
  3. Sepasang kendhi kang ditutup godhong srep, Mayang jambe (buah pinang), godhong suruh ingkang dihias saking kapur
  4. Baki kang isine godhong pandan, parutan kencur, laos, jeruk purut, minyak wangi. Baki didelehke ngisor paturon supados gnda arum ruangan.
Sawise midodareni, penganten lan kulawargane sakloron didhahari :
  1. Nasi gurih
  2. Sepasang ingkung
  3. Sambel pecel, sambel pencok, lalapan
  4. Krecek
  5. Roti tawar, gula jawa
  6. Kopi pahit dan teh pahit
  7. Rujak degan
H. Upacara Langkahan
Upacara langkahan dipunlaksanakaken menawi penganten nglangkahi/manten rumiyin tinimbang kakange. Mila calon penganten kedah nuwun ijinipun kakange kang dipunlangkahi.
I. Upacara Ijab
Upacara ijab inggih punika pengesahanipun penganten sakloron, kulawarga penganten putrid masrahaken/nikahaken putrinipun kaliyan penganten putra. Biasanipun dipimpin dening petugas saking kantor urusan agama supados dicathet kanthi resmi satemah syarat ijab qobul syah miturut syariat agama lan dhawuhe pamrentah.
J. Bab Panggih Penganten
1. Upacara sangajenging tarub
1.      Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken  putranipun putri. Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
2.      Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri  3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
3.      Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X.  Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken  Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
4.      Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
2. Upacara ing nglebet dalem
Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong  Dene Urutaning lampah upacara :
1)     Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2)     Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3)     Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)
Adicara punika mligi yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih wonten sambet sederek, pranataning adicara boten sami. Kejawi punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang mbikak margi / bukak dasar )
Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
  1. Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
  2. Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli  tali lawe
  3. Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
  4. sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
  5. tigan ayam kampung
Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
  1. Kagem tampa kaya; inggih punika:
arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)
biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras,  jagung lan sanesipun.
empon-empon: dlingo bengle
sekar sritaman,
Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun
Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )
Gendhing ingkang dipun agem:
  1. Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
  2. “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
  3. “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.




Komentar

Posting Komentar

Jangan lupa komen ya.

Postingan populer dari blog ini

Laporan Praktikum Kimia Reaksi Elektrolisis

Tuladha geguritan kalian gancaranipun "Jagoku"

Contoh Cerpen "Tanpa Orang Tua" oleh Hasbi Dewantara