Tuladha geguritan kalian gancaranipun "Jagoku"



JAGOKU
Dening : Rizqiya A. N.
Jago kluruk wayah esuk
Mawa tengara kang tidhem premanem
Pangribawane sumrambah ngebaki donya

Kalane jago padha kluruk lan kodhok padha ngorek
Kena wae aku lan kowe bebarengan ngimpi
Jago kluruk wayah esuk
Nyimpen greget kang ora nglokro
Ngemu pangarep arep kang isih dawa
Yen bakal ana dina padhang trawangan

Nanging nalika klambi dhines tumemplek neng awak
Ing kono wis dudu impene wong turu
Ngelingana jago sing tansah kluruk
Maweh semangat kang ora bisa nglumpruk

Kajaba sesanggeman abot kang sumandhang
Amrih wujud impene masyarakat sing butuh pangayoman
Kalane jago padha saba ing kono
Kelingan kabutuhane warga
Saiki jago padha kerig ngumpulke tenaga
Klambi dhines kang sumebar sanegara
Ing kene diwaca pira ajine
Gancaran :
Dadi pemimpin kudu kaya jago, disiplin lan tanggung jawab. Nganggo kluruke, jago nggawe semangat marang wong akeh kanggo nglakokake aktifitas kanthi tanggung jawab. Dadi pemimpin ingkang nglindungi lan ngayomi wargane kudu nglakoni tugas lan tanggung jawab kanthi profesional. Pemimpin kudu mirengaken aspirasi wargane, ngerti lan kelingan marang kabutuhan warga. Aja nganti pemimpin lengah, sebabe tasih akeh tugas, ambatan, lan tantangan ingkang kudu dilewati kanggo njaga Negara iki.

Komentar

  1. Kak izin copas, terimakasih ��

    BalasHapus
  2. Piwulang luhure dong kak

    BalasHapus
  3. hhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhh

    BalasHapus
  4. Ka buatin lagi, dengan tema perasaanku senang

    BalasHapus

Posting Komentar

Jangan lupa komen ya.

Postingan populer dari blog ini

Laporan Praktikum Kimia Reaksi Elektrolisis

Contoh Cerpen "Tanpa Orang Tua" oleh Hasbi Dewantara