Cerita Joko Bodho "Menyang Yogyakarta"


“Joko…..Joko, wis rampung aduse durung!”
“Durung Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dakokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masya Allah….paringana sabar!”. “Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun tha,  aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wis…wis ayo padha mangkat silak ketinggalan sepur mengko!”.
Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak karo Malioboro. Saben wong mbayar Rp 10000 lagi enthuk karcis lan bisa numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga deweke ora nggawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Banjur Joko Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking akehe wong Joko Bodho karo Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.
Bubar enthuk panggonan, Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene.
Bedha karo Joko Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah karo Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Joko Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti menawa Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Joko Bodho. Joko Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu! Wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar , pundi karcis sepure?”. “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa karo Pak…dhe…..ku!”, omonge Joko Bodho karo nuding kursi sebelahe, nanging sing neng sebelahe ora pakdhene nanging wong liya. “Pundi mas pakdhe njenengan, napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula Mahasiswa ajeng sekolah menyang Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang mbranang amarga kisinan, banjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho bingung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora nggawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa?. Bareng wis cedhak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Banjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi nggawe tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?”. “Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”. “Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe, kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula kan mboten gadhah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku.”. “Nggih pak matur nuwun.”
Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mlaku ora ana 500 meter wis teka ana Malioboro.
Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke banjur ngomong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih?”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo durung tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?”. “Inggih Pakdhe, njenengan niku mboten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masya Allah… nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene.”. “Yo….iya..tak mbayari neng mengko teka ana ngomah duwitku diganti ya?”. “Inggih Pakdhe, pasti niku”.
Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, banjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Joko Bodho entek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Joko Bodho wis entek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenan, ora arep ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.

Source : Internet

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Laporan Praktikum Kimia Reaksi Elektrolisis

Tuladha geguritan kalian gancaranipun "Jagoku"

Contoh Cerpen "Tanpa Orang Tua" oleh Hasbi Dewantara